🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Tradisi Grobag Jaran nang Buluspesantren: Warisan Leluhur Sing Isih "Mempeng" Tekan Saiki

 


KEBUMEN, ORA ngapak ORA kepenak Blackasoetakebumen.com,– Tradisi turun-temurun awujud Grobag Jaran sing wis ana kawit jaman gemiyen jebulé isih lestari lan "mempeng" banget nang wilayah Kecamatan Buluspesantren, Kabupaten Kebumen. 

Tradisi unik kié dadi agenda wajib saben rampung riyaya Idulfitri sing tansah dienteni nang wong kéné utawa pelesir sekang njaba daerah.



Setrojenar Dadi Pusat "Guyub Rukun"

Salah siji titik sing paling ramé yaiku nang Desa Setrojenar. Desa sing pancén wis kondhang merga obyek wisata pantaine kié dadi magnet utama. Pengunjung sing teka ora mung wong lokal, nanging akéh pemudhik sekang njaba kota sing kepéngin ndeleng langsung meriahé grobagan.

Sing dadi jempolan, semangat njaga budaya kié ora mung nang Setrojenar tok. Desa liyané kaya Desa indrosari—senajan panggonané adoh sekang pesisir—tetep semangat ngetokake grobagé. Kié dadi bukti nyata nek rasa guyub rukun lan tresna marang budaya leluhur isih nancep jero nang atiné wong Buluspesantren.

Gagah lan Meriah: Siji Grobag Amot Wong Rolas

Sing nggarahi béda karo daerah liyané, grobag nang kéné ditarik nggunakake jaran sing gagah lan rosa. 

Miturut pantauan nang lapangan, siji grobag jaran jebulé bisa amot antarane 8 nganti 13 wong.

"Sensasiné béda, nunggang grobag karo ndeleng pemandangan pesisir bareng sedulur kuwi rasané marem banget," omongé salah siji pengunjung.

Simbol Syukur lan Silaturahmi

Adicara kié biasane dadi puncak kemeriahan rong dina sawisé Lebaran (H+2). Ora kurang sekang 70-an grobag konvoi ngebaki dalan, nggawe pemandangan sing langka lan nengsemaké pisan.

Pesertané komplit, kawit bocah cilik, cah enom, nganti wong tuwa kabéh melu bungah. Luwih sekang sekadar tontonan, tradisi grobag berkuda kié dadi wujud:

 * Rasa Syukur: Sawisé sewulan muput nglakoni ibadah pasa.

 * Ajang Silaturahmi: Mumpung isih suasana riyaya, dadi sarana ngraketaké paseduluran.

 * Uri-uri Budaya: Njaga warisan mbah-mbah mbiyen supaya ora ilang dipangan jaman.

Pangarep-arep Kanggo Masa Ngarep

Masyarakat nduwéni pangarep-arep sing gedhé supaya tradisi kié terus dijaga bareng-bareng.

Harapané, Pemerintah Kabupaten Kebumen bisa terus ndukung supaya agenda kié dadi ikon pariwisata sing luwih profesional tanpa ninggalaké jati dhiri asline. 

Tradisi kié dadi bukti nyata nek Pesisir Kidul Kebumen nduwéni kekayaan budaya sing kudu diwariské marang anak putu. Aja nganti kalah karo jaman, merga budaya kuwi regané larang banget, mbok?


Dening: Royo

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak