Ora Ngapak Ora Kepenak Blakasoetakebumen.com JAKARTA – Bulan suci Ramadhan 1447 Hijriah sing kudune nggo ibadah, malah dadi momen "panen" nggo Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK). Dina Jumaat (13/3/2026), lembaga antirasuah kuwe resmi nangkep Bupati Cilacap, Syamsul Auliya Rachman, liwat Operasi Tangkap Tangan (OTT).
Penangkapan iki dadi tamparan keras nggo birokrasi nang Jawa Tengah. Syamsul dadi bupati ketelu sing diciduk KPK pas sasi puasa taun iki, sawise Bupati Pekalongan lan Bupati Rejang Lebong wis disit mlebu dadi tersangka.
Kronologi lan Langkah Hukum
Wakil Ketua KPK, Fitroh Rohcahyanto, ngonfirmasi nek tim penyidik wis ngamanake Syamsul dadi bupati kesongo sing kejaring OTT sepanjang taun 2026.
Kator sekda Cilacap di segel KPK
Sesuai aturan KUHAP, KPK nduwe wektu 1 X 24 jam nggo nentokake status hukum pihak-pihak sing kegawa. Fokus penyelidikan saiki lagi ndalami dugaan korupsi proyek tahun anggaran 2025-2026 sing dadi "titik basah" nang lingkungan Pemerintah Daerah.
"Jan, emane pol. Kudune mbangun daerah ben rakyate sejahtera, eh malah urusan karo rompi oranye," celetuk salah siji warga sing kaget krungu kabar kiye.
Analisis: Tren Korupsi "Sasi Puasa"
Fenomena "OTT Ramadhan" iki nuduhake nek pengawasan KPK nang sektor daerah pancen lagi kenceng-kencenge. Saka data sing ana, penangkapan Syamsul iki dadi bagian saka rentetan operasi senyap KPK sing nyasar macem-macem sektor:
* Korupsi Pajak nang lingkungan Kemenkeu.
* Jual Beli Jabatan nang tingkat desa.
* Sengketa Lahan sing nyeret oknum pengadilan.
KPK sepertinya lagi ngirim pesen tegas: ora ana toleransi nggo koruptor, senajan kuwe nang sasi suci utawa pas lagi persiapan Lebaran.
Cilacap Berduka, Integritas Dipertanyakan
Kabar iki nggawe geger warga Cilacap. Pasale, Syamsul Auliya Rachman sing kudune dadi simbol integritas, saiki malah kudu adhep-adhepan karo hukum. Kondisi iki nambah dhowo daftar kepala daerah sing gagal njaga amanah rakyat.
Pemerintah Kabupaten Cilacap saiki lagi nunggu kepastian hukum nggo nentokake langkah roda pemerintahan selanjute.
Sing jelas, penangkapan iki dadi pengeling nggo kabeh pejabat: "Aja dolanan duit rakyat nek ora kepengin dadi tontonan nang TV nganggo klambi oranye."
Plubiser: red

