🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Sinergi Kebaikan nang Kidul Rel Kemukus: Bocah SMK Purnama 2 Gombong Sebar Atusan Takjil Gratis



Ora Ngapak Ora Kepenak Blakasoetakebumen com  GOMBONG, 13 MARET 2026 – Suasana sore nang Jalan Kenanga, Kemukus, Gombong—tepate nang sisi kidul palang pintu sepur—ndadak dadi anget lan kebak eseman. 

Puluhan pengurus OSIS SMK Purnama 2 Gombong (Purdugo) katon trengginas nyapa wong-wong sing lagi liwat nggo mbagi-mbagi paket takjil gratis.



Aksi simpatik sing judule "Berbagi Takjil Gratis" kiye dudu mung rutinitas sasi Ramadan thok, tapi bukti nyata nek sekolah perduli karo masyarakat sekitar.

Briefing Gasik lan Kekompakan Guru-Murid

Sadurunge mangkat mbolang maring dalan, kabeh tim kumpul dhisit nang njero kelas nggo nganakna rapat koordinasi. Briefing kiye tujuane ben pembagian takjil mengko dadi rapi, ora rebutan, lan sing paling penting ora ngganggu wong liwat.



Kegiatan kiye dipimpin langsung nang Kepala SMK Purnama Gombong, Drs. Winiji Sasongko, dikancani jajaran dewan guru lan karyawan. Anane para bapak-ibu guru nang lapangan nambahi semangat bocah-bocah OSIS nggo nglakoni aksi sosial kiye.

"Dewe pengin hadir nang tengah masyarakat. Lokasi kidul rel kiye strategis banget merga dadi titik pethukane wong-wong sing lagi pada bali kerja utawa golet bukaan. Lewat kegiatan kiye, dewe ngajari bocah-bocah nek sinau kuwi ora mung nang njero kelas, tapi kepriye carane nduwe rasa empati nang dalanan," ujare Drs. Wiji Sasongko pas lagi kegiatan.

Pemimpin Muda sing Menginspirasi




Ketua OSIS SMK Purnama Gombong, Afiz Al Hafidz, bareng kanca-kanca pengurus liyane, katon semangat banget ngatur lakune pembagian takjil. Afiz ngomong nek persiapan wis mateng banget ben ora ngganggu arus lalu lintas nang area perlintasan rel sing pancen kawentar rame.

"Alhamdulillah, respon wong-wong sing liwat apik banget. Kiye dadi momen berharga nggo dewe pengurus OSIS sinau ngelola acara lapangan sisan mbagi kebahagiaan. 

Weruh eseme para pengendara pas nampa takjil kuwi rasane marem banget," jere Afiz Al Hafidz karo sumringah.

Ditutup Karo Hangate Buka Bersama

Sawise kabeh paket takjil entek lan dalanan wiwit sepi merga wis meh Maghrib, kabeh keluarga besar SMK Purnama 2 Gombong—mulai sekang Kepala Sekolah, guru, karyawan, nganti pengurus OSIS—bali maring sekolahan.

Kegiatan ora mandeg nang dalanan thok.


 Kebersamaan diterusna karo agenda Buka Puasa Bersama nang sekolah. Momentum kiye nggo ngeraketna paseduluran lan evaluasi bareng. Suasana kekeluargaan krasa banget pas guru lan murid lungguh bareng nikmati hidangan buka puasa.

Aksi sosial kiye diarep-arep bisa terus mlaku dadi identitas SMK Purnama 2 Gombong sing religius, humanis, lan perduli maring sasama. Purdugo Jaya!

Plubiser: red 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak