🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

KPK Ngemutna: Ati-ati! Dana Hibah karo Pokir nang Kebumen Rawan Disunat, Ana Sing Tekan 15 Persen!

 


ORA ngapak ora kepenak Blkasoetakebumen.com JAKARTA – Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) lagi ngelingna kenceng banget maring Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Kebumen. 

Jarene KPK, urusan Pokok Pikiran (Pokir) DPRD, dana hibah, karo bansos nang Kebumen kuwi rawan banget dadi "dolanan". 

Sing nggilani, ana indikasi dhuwit sing kudune nggo rakyat malah disunat nggo kepentingan oknum, cacahe tekan belasan persen.

Pas rapat koordinasi nang Gedung Merah Putih KPK, Rebo (11/3), Plt Direktur Koordinasi lan Supervisi Wilayah III KPK, Imam Turmudhi, mbukak kabeh boroke. Jarene, tanda-tanda "maling" dhuwit rakyat kiye wis katon kawit jaman ngrancang anggaran, dudu pas lagi dilakoni thok.

Moduse: Dhuwit Dikrowok, Proyek nggo Akal-akalan

KPK nemokna fakta sing gawe ngenes, dhuwit sing kudune nggo nggonahna uripe rakyat malah dipangan dhewek.

 * Dhuwit Disunat: Ana indikasi dhuwit dikrowok (dipotong) antara 10 tekan 15 persen. Jarene, sing motong kuwi oknum sing jere dadi "wong perek" Bupati.

 * Pokir Ora nggenah: Ana temuan Pokir DPRD sing sasarane malah nang njaba Dapil (Daerah Pemilihan) sing ngusulna. 

Ana uga acara bimtek utawa sosialisasi sing narasumbere anggota dewane dhewek, padahal dudu ahline. Kiye jenenge "ngaliri dhuwit maring kantonge dhewek".

 * Politisasi Bansos: Angger wis pere-perek pemilihan (momentum politik), dana hibah karo bansos sering banget nggo "ngiming-imingi" rakyat ben milih calon tertentu.

"Bantuan nggo masyarakat kuwi aja mung nggo kepentingane politik thok, apa maning nganti disunat 10-15 persen nang oknum. 

Angger aturan ditrabas, kuwi wis jenenge nglanggar hukum (PMH)," jere Pak Imam Turmudhi.

Data Apik, Tapi Kasus Hukum Isih Mlaku

Senajan skor Monitoring Center Prevention (MCP) Kebumen kuwi dhuwur, tekan 89,42% (punjul sekang rata-rata nasional), tapi faktane nang lapangan esih ana sing "bolong".

Azril Zah sekang KPK mbukak data nek siki ana 12 Surat Pemberitahuan Dimulainya Penyidikan (SPDP) sing lagi ditangani aparat penegak hukum (APH) nang lingkungan Pemda Kebumen. Umume kasus kuwi urusane karo pemerintah desa, dana bansos, lan hibah.

"Kiye dadi wektu nggo nggaca (refleksi), nggo ndandani sing esih kurang lan ngguwatna sistem ben luwih transparan nganggo SIPD."

Lilis Nuryani, Bupati Kebumen

Rekomendasi Kenceng sekang KPK

Ben ora dadi "bancakan" terus, KPK ngewei prentah nggo Pemkab Kebumen:

 * Balikna Pokir maring Asale: Pokir kuwi nggo nyaluruna aspirasi rakyat, dudu nggo dolanan politik apa maning nggo golet dhuwit pribadi.

 * Verifikasi Sing Ketat: Bappeda karo TAPD kudu teliti banget, usulan kuwi kudu cocog karo rencana pembangunan daerah (RPJMD) lan pancen ana dhuwite.

 * Dandani Sistem: Kamus usulan anggaran taun 2027 kudu didandani total ben ora ana celah nggo "ngakal-akali" anggaran.

Bupati Kebumen, Ibu Lilis Nuryani, matur nuwun banget wis dielingna KPK. 

Deweke janji pan ndandani kabeh sistem pengawasan internal lan nganggo SIPD ben kabeh proses dadi luwih cetha (transparan) lan ora ana sing ditutup-tutupi maning.

Sumber media KPK 

Plubiser:red 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak