🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Gandeng Komisi IV DPR RI, Pemkab Kebumen nggelar Pelatihan Ngolah Iwak Full Online nggo Ndorong UMKM Tambah Maju


KEBUMEN ORA ngapak ORA Kepenak Blackasoetakebumen.com Rabu 22 April 2026 – Upaya nggo ningkatna kualitas sumber daya menungsa (SDM) nggo para pelaku usaha iwak neng Kabupaten Kebumen terus digas pol. Salah siji langkah nyatane yakuwe anane pelatihan ngolah iwak sing dilakoni kanthi cara full online (daring) neng Dinas Lingkungan Hidup, Kelautan, lan Perikanan Kabupaten Kebumen.

Kegiatan sing apik banget kiye asil kerja bareng antarane Komisi IV DPR RI sing diwakili neng Ir. Darori Wonodipuro karo Balai Pelatihan dan Penyuluhan Perikanan (BP3) Tegal. 

Program kiye tujuane nggo mbekali para pelaku UMKM supayane teyeng adaptasi karo kemajuan jaman lan pinter maca peluang pasar.

Kurang luwih ana 100 peserta sing melu, kabeh mau sekang Kelompok Pengolah lan Pemasar Hasil Perikanan (Poklashan) se-Kebumen. Salah siji peserta sing katon semangat yakuwe Inayah, perwakilan sekang KDMP Grogol Bening Sari.

 Senajan pelatihane mung lewat layar HP utawa laptop, para peserta tetep gayeng lan komunikatif takon-takon karo pematerine.

Materi sing diajarna yakuwe teknik ngolah iwak dadi panganan sing nduweni nilai tambah. Sing dadi primadona neng praktik kiye yakuwe cara nggawe tekwan, panganan olahan iwak sing pancen dadi peluang bisnis sing maen banget. Ora mung diajari cara ngolahe, peserta uga diwenehi ilmu babagan standar kebersihan, cara mbungkus (pengemasan) sing apik, nganti teknik dodolan lewat online (marketing digital) supayane produk Kebumen tambah kondhang neng ngendi-endi.

Ir. Darori Wonodipuro neng sambutane nyampaekna nek pelatihan kaya kiye penting banget nggo nggugah ekonomi rakyat, utamane pelaku UMKM sektor perikanan. Dheweke ngarep-arep, kanthi anane inovasi lan ilmu anyar, para pelaku usaha ora mung dodolan iwak mentah bae, tapi teyeng ngembangna dadi produk olahan sing luwih payu lan kompetitif.

Saka pihak BP3 Tegal uga nerangna nek sistem online kiye dipilih supayane jangkauan peserta luwih jembar lan luwih efisien neng wektu. Kiye dadi bukti nek pemerintah serius pengin ningkatna kapasitas SDM perikanan neng era digital.

Inayah, pas ditemoni wartawan, ngandhakna nek dheweke ngrasa marem lan seneng banget melu pelatihan kiye. Miturut dheweke, ilmu sing didapat pancen migunani, utamane babagan standarisasi produk lan cara dodolan jaman siki. 

Dheweke nduweni pengarep-arep muga-muga ilmu kiye teyeng langsung diterapna neng kelompoke supayane usahane tambah moncer.

Kanthi anane sinergi kiye, iwak olahan asli Kebumen diarep-arep ora mung jago kandhang neng pasar lokal bae, tapi uga teyeng nembus pasar regional nganti nasional. Langkah kiye dadi bukti nyata nggo nyurung pertumbuhan ekonomi lan nggawe masyarakat Kebumen tambah sejahtera lan mulyo.

Nanang.

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak