Sempor, Kebumen Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak –Senin 1juni 2026 BUMDes Sido Maju Desa Bonosari, Kecamatan Sempor, jan siki lagi keton banget go mbelani program ketahanan pangan lokal. Ket dirintis taun 2025 wingi—unit usaha ternak pitik petelure siki ampuh pisan teyang njaga nggone ngendhog, senajan rega pakan neng pasaran lagi mundhak ra umum.
Sing ngurusi BUMDes Sido Maju, Kang Isno, mbeberna crita angger awale mbiyen pitik sing diongo-ongo kuwe ana 500 ekor. Siki, asile jan Alhamdulillah pisan, lur! Saben ndina teyang ngetokna endhog punjul sekang 400 butir, utawa angger ditimbang kuwe ya ana sekitar 25 kiloan.
Senajan pitike padha sregep ngendhog, sing nggregetna kuwe tantangan sekang njaba, yaiku rega pakan pabrikan sing mundhake ora umum Ora gelem berpangku tangan, pengurus BUMDes Sido Maju langsung minkir , nyiapna langkah strategis nggo ngirit biaya operasional ben usahane teyang mlaku terus.
Pas dadi omongan neng perek kandang, Kang Isno ngomong angger BUMDes ndhuwe rencana rep gawe pakan ternak dhewek mulai wulan ngarep. Cara kie dianggep dadi solusi jangka dawa ben ora kadhangen modal merga tuku pakan sing kelarang-larang.
Nggo mujudna kekarepan kuwe, BUMDes Sido Maju jebule wis nyiapna mesine karo piranti nggo nggiling pakan.
Ora mung kuwe, nggo urusan bahan bakune ya wis aman. Wong BUMDes wis cek-cekan alias kerja sama karo para petani jagung neng wilayah Somagede, tambah maning wis gandhengan tangan karo juragan-juragan selep (penggilingan pari) neng sekitaran Kecamatan Sempor.
Langkah sing maen pisan kie diarep-arep ora mung teyang nambahi dhuwit kas desa karo njaga rega endhog tetep murah neng masyarakat, tapi ya bisa nggo "ngurusi weteng" alias ngrewangi ekonomi para petani jagung karo juragan selep lokal sing melu nyetor bahan baku.
Jan, pokoke *top markotop*, Sempor maju terus
Plubiser Red






