KEBUMEN Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak - Kepolisian Resor Kebumen ngetokna himbauan resmi maring seluruh masyarakat nggo nyikapi marake kabar utawa isu babagan teror pocong sing lagi rame dadi omongan nang nggon-nggonan. Polisi njaluk warga tetep tenang, waspada, lan ora gampang kepancing karo berita sing durung jelas bener orane.
Kapolres Kebumen liwat katerangan resmine nyampekna nek media sosial saiki lagi rame karo rupa-rupa informasi sing bisa nggawe resah angger ora diteliti dhisik. Mulane, pihak kepolisian ngetokna panduan Kamtibmas nggo nuntun masyarakat supaya luwih bijak nemu kabar kaya kuwe.
Ana limang poin utama sing dadi omongane Polres Kebumen nggo warga, yaiku pertama, kudu bijak nang nggon bermedia sosial, tegese nggunakna medsos kanthi bener lan tanggung jawab. Poin keloro, kudu tlaten mriksa sumbere berita, dipastekna nek informasi kuwe pancen sekang sumber sing resmi lan bisa dipercaya.
Poin ketelu, aja gampang percaya maring kabar sing durung karuan nyatane. Poin kepapat, diweling temenan aja melu-melu nyebar hoax utawa berita bohong sing bisa nggawe kisruh nang tengah masyarakat. Sing pungkasan utawa kelima, warga dijaluk tetep waspada lan njaga ketertiban lingkungan masing-masing.
Pihak Polres Kebumen uga ngajak kabeh elemen masyarakat, khususe nang wilayah Kebumen, Gombong, lan sekitare, nggo bareng-bareng njaga kahanan sing aman, nyaman, lan kondusif.
Warga dijaluk aja panik, aja gampang keprovokasi, lan kudu tetep mikir positif nang saben ana kedadean.
Angger nemu utawa weruh ana sing ngganggu ketertiban utawa ana hal-hal sing nyurigani nang lingkungane dewek, masyarakat bisa langsung lapor maring kantor polisi paling perek utawa nelpon Layanan Polisi nang nomer satus sepuluh (110) sing buka terus.patlikur jam gratis.
Pelayanan kiye minangka wujud respon cepet lan tulus melayani sekang Polres Kebumen nggo njaga ketentramane warga.
Plubiser Red
