🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Wengi Sing Medeni neng Buluspesantren, Telung Ruko ngarep Pasar Bocor Diamuk si Jago Merah



BULUSPESANTREN – blackasoetakebimen.com ORA ngapak ORA kepenak Kebumen Senin 1 Juni 2026 Kawasan dagang neng ngarep Pasar Bocor , Kecamatan Buluspesantren, ndadak geger kapiran sawise geni gede ujug-ujug  mbakar pirang-pirang ruko wengi  Senen kie . Kedadean sing nggawe gubreg wong sakampung kiye kedadeane kira-kira jam pitu mbengi, lan sempet nggawe kahanan neng sekitaran lokasi dadi medeni pisan.

Manut ceritane warga sing neng nggon kedadean, jenenge Kang Yoto, amukan si jago merah kuwe cepet banget mrambate lan langsung nggosongna setitike telung ruko sing neng arepan pasar. Merga akeh bahan sing gampang kobong plus angine lagi semribit dadi genine sempet mumbul dhuwur banget neng tengah-tengah petenge wengi.



Ngerti ana kahanan darurat kaya kuwe, petugas pemadam kebakaran (damkar) langsung gerak cepet ke lokasi. Ora tanggung-tanggung, ana wolung unit mobil damkar sing langsung digiring maring lokasi kedadean nggo ngebrak lan ngurung geni ben ora mrambat maring area pasar sing luwih sesek. Petugas karo warga ya guyub rukun, bahu-membahu mateni titik-titik geni sing esih murub.

Semene bae, proses mateni geni karo ngademna ruko sing kobong esih terus mlaku neng lapangan. Nek masalah pemicu utawa sebabe geni kuwe sekang ngendi, pira rugine banda sing ludes, karo kepastian ana orane korban neng kedadean kiye, pihak redaksi esih ngenteni hasil pemeriksaan resmi lan katrangan sing luwih gamblang sekang pihak kepolisian karo BPBD setempat.


Plubiser Red

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak