SEMPOR Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak – Kekompakan warga Dhukuh Kurwok, Desa Kalibeji, Kecamatan Sempor, pancen patut dacungi jempol lan dadi tuladha nyata kemandirian wong desa. Dina Minggu esuk, atusan warga sekang macem-macem kalangan padha kumpul lan mudhun maring dalan nggo nggelar kerja bakti massal. Kabeh padha guyub rukun, bahu-membahu mbangun dalan rambat beton sing nggandhengna wilayah RW 01 lan RW 02.
Sing dadi kawigaten, kabeh ragad lan material nggo mbangun fasilitas umum kiye murni sekang swadaya masyarakat kono. Warga kanthi ikhlas nyisihna rejekine demibisa nduweni infrastruktur sing luwih layak lan kepenak diliwati.
Dalan rambat beton sing anyar kiye nduweni piguna sing gedhe banget nggo uripe warga sedina-dina. Saliyane nggo urat nadi sing nggampangna mobilitas lan paseduluran antar-RW, jalur kiye uga ngliwati komplek kuburan desa. Angger dalane wis dibeton, prosesi pemakaman utawa warga sing arep padha nyekar dadi adoh luwih gampang, aman, lan kepenak, ora usah wedi maning nemoni dalan sing mlethrek utawa mbecek angger mangsa udan.
Ketua RT 04 Desa Kalibeji njelasna angger gerakan kiye lair sekang pepenginan bareng-bareng sing kepengin nduweni dalan sing kuwat lan awet. Konstruksi rambat beton dadi pilihan merga dinilai paling mbejaji nggo jangka dawa. Antusiasme masyarakat uga keton luar biasa merga kabeh lapisan warga melu tumandhang suwita.
Aksi gotong royong kiye ora mung didominasi neng bapak-bapak karo para pemuda sing dho kederes kringete ngusungi semen lan krikil. Ibu-ibu neng Dhukuh Kurwok uga ora gelem kalah, padha njupuk peran penting neng pawon. Kawit esuk mruput, para ibu wis sibuk nyiapna madhang awan karo camilan nggo njaga staminane para warga sing lagi kerja bakti.
Kedadean kiye dadi bukti nyata angger nilai luhur gotong royong esih ngoyod kuwat neng uripe wong ndesa. Neng jaman modern kaya siki, kesadarane warga Dhukuh Kurwok nggo mbangun wilayahe dhewek kanthi mandiri, tanpa mung ngendelna utawa ngenteni anggaran sekang pemerintah, diarep-arep bisa dadi inspirasi nggo desa-desa liyane.
Plubiser Red




