Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak Kebumen – Semangat anyar lagi ngebaki jajaran pengurus Persatuan Tinju Indonesia (PERBATI) Kabupaten Kebumen neng acara Rapat Kerja Daerah (Rakerda) sing dilaksanakna dina Jemuwah, 19 Juni 2026. Acara sing panggonane neng Rumah Makan Ngapak Sujud, Karanganyar kuwe dadi momentum penting nggo nylarasna arah organisasi supaya bisa nggolet lan nyetak atlet tinju sing luwih moncer lan kompetitif neng masa ngarep.
Ketua PERBATI Kabupaten Kebumen, Sujud Sugiarto, mimpin langsung jalane rapat wiwit jam 13.30 WIB. Pas aweh arahan, Pak Sujud negasna nek kunci utamane kemajuane organisasi kuwe siji: penguruse kudu kompak lan visi-misine kudu selaras pas nindakna program kerja sing wis ditargetna.
Eksistensine PERBATI Kebumen saiki wis tambah mantep lan kuwat mergane wis terbit Surat Keputusan Pengurus Besar Tinju Indonesia Provinsi Jawa Tengah Nomor: 055/Perbati-Jateng/V/2026. Legitimasi resmi kuwe dadi dhasar sing kuwat nggo pengurus nggo ngrealisasikna macem-macem agenda strategis sing paedahe bisa dirasakna langsung karo komunitas tinju neng wilayah Kebumen lan sakiwa tengene.
Ora mung bahas teknis lan evaluasi program, Rakerda siki uga dadi wadah nggo pengurus nggo nggo ngraketna paseduluran liwat dialog terbuka. Suasana kekeluargaan krasa kenthel banget pas acara, sing pungkasane ditutup karo sesi foto bareng. Momen kebersamaan kuwe dudu mung nggo pajangan, nanging dadi simbol komitmen lan kekompakane kabeh jajaran pengurus nggo nggemban amanah organisasi tekan masa bakti 2030 mengko.
Hasil Rakerda iki diarep-arep bisa dadi acuan sing nyata nggo majukna jagat tinju daerah, sekaligus mbuktèkna nek PERBATI Kebumen wis siap lan mantep kontribusi luwih akeh nggo ngembangna olahraga tinju tekan tingkat sing luwih duwur.
Plubiser Red


