Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak Gombong– Kesempatan emas nggo lulusan SMP sing pengen nerusake sekolah ning jenjang SMK wis teka. SMK Ma’arif 5 Gombong sing kondhang dadi SMK Pusat Keunggulan Berbasis Pesantren resmi mbukak pendaftaran murid anyar gelombang telu taun pelajaran 2026/2027.
Kabar iki dadi angin seger nggo para wong tuwa lan siswa sing wingi durung sempet ndaftar utawa agi nggolek sekolah sing pas. Sekolah sing mapan ning Jl. Lingkar Selatan No 32 Patemon, Gombong, Kebumen iki nawarke pendidikan sing ora mung ngandelna ketrampilan teknis, nanging uga ngematna babagan akhlak.
Sesuai karo sesemboyane, yaiku Asah Potensi Raih Prestasi, sekolah iki pancen serius nggulawenthah murid-muride dadi generasi sing unggul. Buktine, akeh siswa sing wis pada bisa nggayuh prestasi ing macem-macem bidang, kalebu olahraga.
Wonten lima program keahlian sing bisa dipilih miturut minat lan bakate siswa, yaiku:
* Akuntansi & Keuangan Lembaga
* Manajemen Perkantoran & Layanan Bisnis
* Teknik Kendaraan Ringan
* Broadcasting & Perfilman
* Teknik Sepeda Motor
Cara ndaftare gampang banget, ora ribet. Calon siswa sing kepengin ndaftar lewat online bisa langsung ngakses link https://s.id/spmb_smk_maligo. Nek kepengin takon-takon langsung utawa ndaftar sisan, bisa sowan maring sekolah ning alamat sing wis disebutna mau.
Pihak sekolah ngajak maring kabeh masyarakat supaya ora nganti kelalen lan ketinggalan informasi. Pendaftaran gelombang telu iki dadi kesempatan pungkasan sing kudu dimanfaatna kanthi apik.
Nggo informasi sing luwih lengkap, masyarakat bisa mbukak situs resmi www.smkmaarif5gombong.sch.id utawa mampir ning media sosial resmi SMK Ma'arif 5 Gombong ing Facebook Esemka Maligo, Instagram @smk_maligo, TikTok @esemkamaligo, lan YouTube MALIGO TV.
Sekolah ning SMK Ma'arif 5 Gombong dadi pilihan sing pas nggo nyiapna masa depan sing luwih cerah lan mandiri. Ayo ndaftar saiki lan dadi bagian sekang keluarga gedhe SMK Ma'arif 5 Gombong.
Plubiser Red
