Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak KEBUMEN – suasana kantor dprd kebumen pada jumat (19/06/2026) kiyé katon gayeng. ratusan warga sing tergabung nang Aliansi Masyarakat Kebumen (AMK) teka nggawa aspirasi. senajan massa sing teka ana sekitar 400 wong, aksi kiyé tetep mlaku tertib, aman, lan adem ayem.
Kedatangan warga kiyé dudu nggo gawe keributan, nanging nggo nyuarakna unek-unek soal kelanjutan program pemerintah sing dirasa wis mupangati banget nggo masyarakat cilik. wong-wong pengin program pro rakyat kuwi tetep mlaku lan malah kudu ditingkatna maning.
Parjono, sing dadi juru bicara, negasna nek sing digawa kiyé suara ati wong desa. "kita teka kiyé nggawa aspirasi wong cilik. program-program pemerintah sing mbantu bocah sekolah, sing mbantu petani, kudu terus dikawal lan ora kena mandek neng tengah dalan. kita njaluk program kiyé terus ditingkatna," jare Parjono.
Koordinator lapangan, Wahyu din lan Kirana, uga terus ngelingna kanca-kancane ben tetep njaga ketertiban. "sedulur kabeh, sampaike aspirasi nganggo cara sing santun. wong kebumen kuwi guyub rukun, dadi mari kita tunjukna nek kita bisa ngawali demokrasi kanthi apik," pesene.
Pimpinan DPRD Kebumen langsung nanggepi aksi kuwi kanthi turun nemoni massa. dialog sing dibangun uga mbukak lan blak-blakan. puncaké, Ketua DPRD Kebumen, H. Saman, lan perwakilan AMK nindakna penandatanganan nota kesepahaman (MOU) ing ngarep massa.
Isi MOU kuwi siji, yaiku komitmen bareng nggo ngawal aspirasi masyarakat lan mestikna program pembangunan pemerintah bener-bener dirasakna karo warga tekan tingkat paling ngisor.
Bar tandatangan rampung, massa langsung surak bungah. suasana dadi haru, nandaikna anane sinergi antara wakil rakyat lan rakyaté. aksi ditutup kanthi tertib; ora ana sampah sing kasebar lan ora ana fasilitas sing rusak.
"Tugas kita saiki yaiku ngawal bareng-bareng. mbangun kebumen kuwi dudu tanggung jawabe dewan tok, nanging tanggung jawabe kita kabeh," tutup salah siji peserta aksi.
Nanang hs.


