Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak ,Kebumen, 23 Juni 2026 – Swasana sing adhem ayem lan kebak kehangatan keton pas acara silaturahmi nang Kantor DPC LSM Harimau, Desa Selokerto, Kecamatan Sempor, Kebumen. Sedulur-sedulur pengurus lan anggota pada kumpul nggo ngrayakna dina ulang taune Pembina LSM Harimau, Bapak Harjito.
Pas momen kuwe, Ketua DPC LSM Harimau Kebumen, Toni Frandika Wiranata, ngucapna selamat ulang taun lan donga sing tulus nggo Bapak Harjito. Toni ndongakna supaya Bapak Harjito diparingi kesehatan sing terus-terusan, dawa umure, lan berkah anggone nglakoni tugas sarta pengabdian.
Ora mung kuwe, Toni Frandika Wiranata uga nyampekna sikap organisasi soal arah gerak LSM Harimau mburi mburi kiye. Dheweke tegas ngomong nek LSM Harimau Kebumen wis resmi mundur sekang kepengurusan Persodaraan Rajawali Emas. Keputusan kuwe dijupuk supaya organisasi bisa luwih fokus, mandiri, lan ora kecampur-campur pas nglayani masyarakat.
Toni negesna nek kabeh anggota tetep kudu nyekel teguh prinsip siji komandosing solid. Nggawa semboyan “rawe-rawe rantas, malang-malang putung”, organisasi kiye komitmen bakal terus obah nggo menehi dampak apik nggo lingkungane. Nggo LSM Harimau Kebumen, njaga keutuhan Negara Kesatuan Republik Indonesia kuwe rega mati sing kudu dijunjung dhuwur nang saben langkah pengabdian.
Liwat acara kiye, LSM Harimau Kebumen mbuktikna nek senajan organisasi tegas pas nyikapi dinamika sing ana, nanging ikatan kekeluargaan marang figur pembina tetep dadi pondasi sing kuwat nggo arah perjuangan wong-wong mau.
Plubiser Red



