🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Warga Selokerto Sambat Soal Proyek Dalan, Muncul Isu Material Bekas Aspal Dijual




Blackasoetakebumen.com Gombong ORA ngapak ORA kepenak Kemis , 25 Juni 2026** – Warga Desa Selokerto, Kecamatan Sempor, nembé pada sambat gara-gara proyek perbaikan dalan sing ora rampung-rampung. Angger sedina-dina, warga keganggu karo debu sing kandel lan macet sing nggawé aktivitas dadi susah banget. Ora mung kuwe, warga ya lagi pada nunggu kepastian soal sisa material aspal sing jare arep dijaluk nggo ndandani lapangan desa sing wis rusak.

Diarani sekang surat permohonan tanggal 24 Juni 2026, Pemdes Selokerto wis resmi nyuwun limbah aspal maring Direktur CV. Karya Adi Kencana. Tujuane ya nggo urug lapangan desa sing wis ora rata. Tapi tekan saiki, jere pihak desa esih durung olih jawaban sing jelas sekang kontraktor.

Sing nggawé warga tambah mangkel, ana isu sing santer banget nang warga, yakuwe ana dugaan sisa aspal kerukan kuwe malah didol maring pihak liya. Warga weruh ana truk sing ngangkut material kuwe ora maring nggon lapangan desa, malah digawa maring nggon liya. Isu sing pada ya kedadéan nang wewengkon Semanding, Gombong, pasé nang cedek Tegong Pojok dan warung sate di selokerto.

Pihak media lagi ngupaya nggolet info luwih jero, nggo mastiaken apa bener ana penyimpangan utawa mung salah komunikasi. Tetep, azas praduga tak bersalah kudu dijaga lan konfirmasi maring pihak kontraktor uga dinas terkait kuwe perlu banget supaya ora dadi fitnah.

Warga Desa Selokerto mung njaluk transparansi. Wong cilik mung pengin proyéke cepet rampung dadi ora kesusahan maning, lan sisa material aspal kuwe bisa manpangati nggo kepentingan umum, kaya lapangan desa sing wis dadi hak warga.

Sampai berita kiye diturunna, pihak kontraktor sekang CV. Karya Adi Kencana durung gelem mènèhi klarifikasi utawa keterangan resmi soal keluhan warga lan masalah aspal kuwe. Media bakal terus ngawal kasus kiye supaya kebenaran bisa dadi terang benderang lan hak masyarakat bisa dipenuhi.

Plubiser Red 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak